Sabtu, 30 November 2013

“Gundul – Gundul Pacul.”
(Dongeng Wong lawas)

Narator            : “Selamat datang di dongeng Rakyat tanah jawa.Cerita yang akan di sampaikan kali ini adalah kisah tentang bocah nakal yang banyak tingkah yang berjudul “Gundul-gundul pacul”.Selamat menyaksikan.”
Narator            : “Ono sawijining bocah.Umure kiro-kiro sepuluh tahunan.Bocah kuwi gampang di kenali,amargo polah tingkah’e lan kebiasaane.Ukoro sing paling genah soko dhek’e,bocah kuwi ra duwe rambut nak sirah’e,alias Gundul.Penggaweane ngewang’I bapak’e menyang sawah,lan nak endi-endi mesti nyangking pacul nang pundak’e.Maka sebab kuwi,uwong-uwong podho nyeluk dhewek’e “Si Gundul Pacul.”
Narator            : “Dino’ne srengenge wes cemlorot nedas nang endhas.Ko kadohan,wes ketoro batang irung’e si gundul.Mlaku ekah-ekeh lan udal-udul koyo uwong ra nduwe salah.”Si Gundul pacul” bocah kuwi,mandheg sak jegrek nang sor uwet dadap karo kipas-kipas amargo kesumuk’en.”
Sinden : ( Di iringi gendang reog plus kleningan reog )
“Si gundul nggowo pacul,mlaku’ne udal-udu.”l
“Si gundul nggowo pacul,polah’e koyok tuyul.”
“ Gundul pacul nak endi-endi gawane pacul”
“Gundul pacul lak mlaku polahe udal- udul.”
“Gundul pacul polahe gayane koyok tuyul.”
“Gundul pacul nak endi-endi gawane pacul”
Si Gundul        : “ Aduhhhhh..hawane wes koyok nak pawonan.Panas,gerah lan rasane sirahku tambah mateng.Hihihihi….lek kelingan pawonan utowo barang sing mateng-mateng,maleh kelingan emak adhang nang omah.Muleh sek ah..ngaso.Sopo ngerti emak nggoreng iwak jendil.”
Narator            : “Si Gundul,sawijining bocah sing gampang sumeh,udal-udul ra nduwe isin,mlaku sak enak’e turut dalan.Ra peduli kendaraan lewat lan sopir’e sing mbengok-mbengok amargo laku’ne.Neng ujug-ujug mandheg sak jegreg naliko eroh arek-arek wadon podho dolanan nak lapangan..”
Gundul            : “Waduh..kembang-kembang ayu ki…di jarak ahhhh…” ( Mlaku sak polah’e nyedhak)
Arek wadhon 1           : “Awan-awan ngene hawane sumuk.Enaka’e nyapo cah…..”
Artek wadhon kabeh  : “Yo dolanan ae no…”
Arek wadhon 2           : “Dolanan opo penak’e…”
Arek wadhon kabeh    : “Dolanan opo yo…”
Arek wadhon 1           : “Piye lek jumpritan…”
Arek wadhon 2           : “Ojo.Dakonan ae….”
Arek wadhon 4           : “Emoh aku..piye lek ancak-ancak ales….”
Arek wadhon 5           : “ Ah..wingi kan uwes….Jamuran gege e lo..”
Arek wadhon 3           : “Jamuran gege..setuju aku..setuju..setuju….awakmu kabeh piye..”
Arek wadhon kabeh    : “Iyo..setuju..setuju..setuju…”
Arek wadhon 1           : “lek ngono,ayo di mulai…”
Arek wadhon kabeh    : “Ayo…jamuran gege..jamur opo gege…..”
Narator            : naliko enak-enak dolanan,ujug-ujug arek-arek mau mandheg naliko eruh si gundul nyedhak…”
Arek wadhon 5           : “Eh..mandeg..mandeg..mandeg…ono si gundul..ayo bubar..bubar..bubar…”
Arek wadhon 2           : “Ho-oh..bubar ae..ko mesti di rusuh’i…”
Narator            : “Tapi gung sempat bubar,si gundul wes keburu ngonangi.langsung ae di grapyak arek-arek wadhon mau sampek arek-arek kuwi podho njabrut kabeh.”
Si Gundul        : “Hayoooo..kembang-kembang arep nek ndi ki…mueeeesti..lek aku teko dolanane podho bubar kabeh.Mbok aku di jak???”
Arek wadhon 1           : ‘Gah..awakmu mesti ngrusaki dolanan…”
Si gundul         : “Ora..ora…”
Arek wadhon  : “Yo masio ora,awake dhewe gah dolanan mbek awakmu ndul….awakmu kan lanang,yo dolanan ae karo cah lanang..”
Si gundul         : “Lha aku ser dolanan karo kembang-kembang o….ayo to..ayooo……”
Arek wadhon  : “Gelem ndul..pokok enek upah’e…”
Si gundul         : “Upah’e opo????Ambung……”
Arek wadhon kabeh    : “Hiiiiiiiiiiiii…..”
Si gundul         : “Lha opo???”
Arek wadhon  : “Erah’no pelem kuwi ndul..”
Si gundul         : “Yo mbok iyo lo..tapi aku di jak dolanan lo yo….”
Arek wadhon  : “Yo wes…sir dolanan opo???”
Si gundul         : “Dolanan bang-bang tut piye…”
Arek wadhon  : “hah..dolanan opo kuwi…”
Si gundul         : “Poko’e melu ae…piye…”
Arek wadhon  : “Yo wes.Ndhang di mulai ndul….”
Si Gundul        : “Okey cah ayu..ayo bareng-bareng…”
Kabeh  : “bang-bang tut jendela lawang…sopo mau ngentut di tembak raja tua..tua tua kaji,rambut’e kari siji…buka lemari isine roti…roti-roti atos sing ngentut silet’e mbledos…”
Narator            : “Tiba-tiba….”
Bruttttttttttttttttttttttttt……!!!!!!!
Arek wadhon 1           : “Yeeeekkkkk..enek sing ngentut.Sopo iki….”
Arek wadhon 2           : “Uduk aku lo..uduk aku…”
Arek wadhon 3,4,5 : “Aku uduk..aku uduk…”
Arek wadhon 1           : “lek ngono sopo???Aku yo uduk…”
Arek wadhon kabeh    : “Mesti si gundul….”
Si gundul         : ( Cengengesan ) “Hihihihi..iyo pancen aku…..”
Arek wadhon kabeh    : “Gundullllllllllll…..pantes ae ambu’ne koyok  ngulon-nguloni…”
Si gundul         : “Hihihihi..sorry kembang-kembang….”
Arek wadhon  : “Lho mesti to..dolanane gundul mesti aneh..ngrusaki tatanan….”
Arek wadhon  : “Wes ah…gah dolanan mbek Gundul.Bubar..bubar..bubar….”
Si gundul         : “Hihihihihi…yo sorry kembang-kembang..yo wes ah,aku tak ngalek tutug’no…”
Arek wadhon  : “Dasar gundul..awas ae…”
Narator            : “Gundul banjur ngaleh nutug’ne lakune.Karepe cepet-cepet muleh teko omah,dhewek’e malah ketemu tumiran,bocah cilik limang tahun adik’e kancane.Eruh tumiran nggowo bal,akal bulus’e gundul banjur metungul.”
Si gundul         : “He tumiran…ape nak ndi kok nggowo bal..”
Tumiran           : “Iki lo kang,ape nyusul mas paidi nak lapangan…”
Si sundul         : “lapangan kan adoh.Mosok arek cilik sak awakmu ape mlaku rono.Nak ndalan akeh medi lo…”
Tumiran           : “Awan-awan enek medi kang…”
Si gundul         : “Iyo.Medi’ne gundul..penggaweane mangani cah cilik sing keluyuran dhewe,opo neh cah cilik sing senengane nggowo bal…..”
Tumiran           : “Hiiiiiiii..kang ojo ngono.Aku wedhi.Aku nggak gelem di pangan medi…”
Si gundul         : “makane..lek nggak gelem di pangan,kono,balio.Balmu titipne aku ae..tak kek’ne paidi…”
Tumiran           : “Iyo kang..iyo..wes.Aku bali…..”
Narator            : “Tumiran sing wedhi banjur menehi bal nang si gundul.Banjur dhewek’e mlayu sipat kuping.Gundul sing kasil awu-awu nutugne lakune karo ngguya-ngguyu.”
Si gundul         : “Ahh..dasar cah cilik mendo.Penak ae di apusi…..”
Narrator           : “Gundul sing seneng ngguya-ngguyu banjur mlaku sak karep’e dhewe karo dolanan bal nak sikel’e.Aleh-aleh mbayangne dadi pemain bal koyok lionell messi mbek Christian ronaldo,Gundul ngebal bal mau sak banter banter’e.Lan….”
Duarrrrrrr….prangggggg!!!!!
Narator            : ‘bal mau kebor mabor mlebu gawange pak kaji.maksude nerak kaca jendelo  omah.karuan pak kaji metu karo mencak-mencak.”
Pak kaji           : “Hooooeee…..sopo sing nendang bal sak enak’e?????”
Narator            : “Gundul sing nglakoni banjur wedhi di seneni.Dhewek’e mlaku mindhik-mindhik koyo maling.Neng pak kaji kadung eroh.”
Pak kaji           : “O..iki mau polahmu ndul…kurang ajar……”
Si Gundul        : “Ampun pak kaji…….”
Narator            : ‘Gundul sing kepergok banjur mlayu sipat kuping ninggalne pak kaji sing mbesengut koyok sungut lele.lan let nggak suwi,gundul teko omah.Weteng’e sing luwe ra kenek di empet.Banjur dhewek’e marani emak’e sing nggoreng iwak jendil nak pawon.”
Gundul            : “mak..wes mateng mak..wetengku luwe….”
Emak               : “Sek mateng sego tok kae lo le….enten’ono iwake mateng ae….”
Si Gundul        : ‘Hoalah mak..mak..selak luwe aku.Yo wes…tak enteni nak ngarep mak…”
Narator            :”Gundul banjur nak ngarepan ngenteni iwak jendil mateng.Neng wetenge sing luwe banjur nyamber sego sak wakul tanpo mak’e eroh lan di gowo nak latar omah.Banjur nak kono,di sambi ngenteni iwak jendil mateng,si gundul ngrungokne radio sing nyetel lagu-lagu rancak.”
Narator            :” gundul maleh kumat.penyakit clintisane kambuh lan dheweke nari kesenenge tanpo dhuwe isin.Polahe gundul kuwi podho ngundang perhatiane arek-arek wadhon mau sing lewat,lan pak kaji sing kebetulan arep nyambangi mak’e gundul.
Arek-arek wadhon      : “Eh…delengen..delengen..si gundul nyapo kuwi..kok njoget-njoget pencilahan koyok beruk…”
Arek wadhon 1           : ‘Ah..biasa.kan malem jumat.Paling setane mencok…”
Arek wadhon 2           : “Hihihihi,,tapi lucu.Ayo di delok ae….”
Arek wadhon kabeh    : “Ayo..ayo..ayo….”
Pak kaji                       : ( mek gedhag gedheg) “Cccck..ccck..ccck cah iki…”
Narator                         : “ Gundul nyelot kesenengen.Polahe nyelot ndadi lan mbayangne dadi artis india. Roso wedhi gundul mae pak kaji ra kepikiran.Dheweke nyelot dadi di sawang wong akeh.Nyamber wakul nak mejo lan njoget-njoget kepanasan koyok wong mabuk.neng,akibat polahe’sing clinthisan sikile gundul kecekluk lan dheweke tibo nak latar sak sego-segone sing nak wakul.Karuan ae polahe dadi guyon arek-arek wadhon lan pak kaji sing sing ono nek kono.
Arek wadhon  : ‘hahahahahaha..kapok..rasakno ndul..rasakno…”
Pak kaji           : ‘Yo ngono kuwi lo le..oleh-olehmu dadi bocah clinthisan,usrekan ra iso meneng…”
Narator            : “Gundul mek cengas-cengeges karo ngurut sikil’e sing loro.Polah’e iku malah dadi jarakan arek-arek wadhon sing malah nembang nyukurne dhek’e.”
Arek wadhon/ Sindhen :(Karo nari)
“Gundul – gungdul pacul… cul..gemblelengan..”
“nyunggi – nyunggi wakul… kul…gemblelengan..”
“wakul ngglempang segone dadi sak latar..”
“wakul  ngglempang segane dadi sak sak latar…..”
Narator            : “Si gundul sing ngrungok’ne lagune arek-arek mau bukan’e isin po nesu,dheweke tambah ndadi jogget nglesot nak latar awor segane.Tapi ujug-ujug polahe meneng cep..naliko mak’e moro mbengok banter nyawang polah’e…”
Emak   : “Dasar cah edan…kowe ki anak demit po anak setan…mak’e ngoyo-ngoyo adhang,segane mbok tumplekne koyok pakan pitik..nek ndi pikiranmu heeeeh…. (Emak njewer si gundul)
Si gundul         : (Wedhi banjur nangis ) “Ampun mak..ampun..ampun…”
Emak               : ‘Dasar cah ndableg…ben..yo ben..rasakno dhewe…kapok ra..kapok ra…”
Si gundul         : “Kapok mak..kapok..kapok….”
Arek-arek wadhon      : (Ngguyu keklek)
Pak kaji           : “makane…di kandhani wong tuwek yo opo…yo ngene iki lo akibate bocah sing kakekan polah,ra duwe isin,nakal,clinthisan lan udal-udul.Dadi..yo ojo di tiru le..polahe bocah iki,lek ra gelem awakmu kabeh kenek jewer mak’mu.”
Narator            : “bener pak kaji.makane wi…rungok’no dhawuh’e pak kaji…..”
Narator            : “Yo iku..kisah’e si Gundul,bocah ndableg udal-udul sing polahe clinthisan.lan pitututur’e soko crito iki nang awakmu kabeh….dadi bocah ojo clinthisan,ojo kakean polah,ojo gampang ngrusuhi ukorone uwong utowo nggawe ukoro sing ngruggek’ne wong liyo..lek ra gelem awakmu kabeh di jewer mak’mu.Ahkir dari kata…wasalam.



Kamis, 28 November 2013



“Yesus Mempersekutukan Kita.”
(Versi Bahasa Jawa)

Cast Character :
1.Simbah/Yu Bingah  : Pendiri/sesepuh Gereja desa
2.Kapten                     : Gembala sidang gereja setempat
3.Minuk                      : Gadis 18 Tahun yang di paksa menikah dengan tuan tanah desa
4.Ibu Dumini              : Ibu dari Minuk.Seorang mantan jemaat gereja yang meninggalkan Gereja dan Tuhan karena desakan ekonomi.
5.Walijo                      : Seorang pemuda desa,pengangguran,pemabuk.
6.Ibu Walijo                : Seorang jemaat gereja yang setia dan taat kepada Tuhan dan                                          juga pelayan gereja                   
7.Yusuf                        : Suami Maria
8.Maria                       : Istri Yusuf
9.Yu Cempluk             :Kawan lama Yu Bingah,Ibu dari Bu Dumini dan nenek Minuk
Sinopsis :
Ono sawijing konco lawas podo ketemuan neng dalan pinggir persawahan deso.Yu Bingah lan Yu Cempluk.Wong loro mau banjur podo bungah mergo roso kangen,podo crito pengalamane urip sing wes 20 Tahun nggak ketemu.Yu Bingah sing sukses duwe lemah lan sawah ombo mbek tandurane sing subur-subur,lan Yu cempluk sing ngadu nasib nek luar pulau,mulih ugo nggowo duwit sak gepog.Wong loro mau banjur rumongso keberhasilan mau mego uduk usahane dhewe neng mergo berkat’e Gusti Yesus.Mulo soko kuwi,wong loro mau banjur sepakat ngedekne Gerejo lan ngembang’ne pelayanan Tuhan neng Deso Sumber Tani,deso kelairan’ne Yu Bingah lan Yu cempluk.
25 Tahun ra kroso wes mlaku.Dalane urip menungso ono ae perubahan lan pasang surut.Lan jamanpun you go maleh.Akeh masalah sing kedaden nang pelayanan,.gerejo lan umate Gusti Yesus nang deso kuwi.Nah kepriye ceritane..Ayooo di ongak nak TKP.

Adegan 1.
Lokasi              : Dalan Pinggir sawah.

Narator           : “Ing sawijining Dino neng Deso sumber Tani,kasebut wong wadon sugeh,sawahe ombo,omahe apik lan di rumat’I wong sak deso mergo becik atine,lagi mlaku-mlaku ngongak tanduran neng sawah.Nek bangkekane nyantol rinjing kosong,lan eseme ora mandheg-mandheg mergo bungah ati’ne.Wong wadon kuwi,jenenge Yu Bingah.”(Musik-gambang)
Yu Bingah       : ( Dengan Gaya centil) “Ya ampuuunnnn…Tanduranku lek lemu-lemu.Kacang’e dhowo-dhowo,terong’e gedhi-gedhi..Pari’ne wes mulai kuning..Hmmm…Dilut engkas panen ki…”(.(Menengadah ke atas).”Duh Gusti Yesus…Iki kabeh mergo berkat’mu.Matur suwun Gusti…”
Narator           :”Let nggak suwe,ko kadohan katon wong wadhon liyo mlaku nyedhak lan ngawe-ngawe karo nyelok-nyelok Yu Bingah,wong wadhon sing lagi bungah iku.”
Yu Cempluk    : “Ngah..Bingah…iku awakmu to….”
Yu Bingah       : (Heran ) “Lho..lho..lho…Sopo kuwi kok celok-celok aku…”
Yu Cempluk    : (Tak lama kemudian mendekat dan terkejut bercampur senang karena dugaannya benar) “”Hoalahhh..Bak-bak’no tenan to..Iki awakmu..”
Yu Bingah       : (Masih bingung ) “Lho..Sopo sampean…”
Yu cempluk    : “Aku cempluk…Koncomu SD kae…Mosok lali..”
Yu Bingah       : “Cempluk..Cempluk..Cempluk..Oalah,Cempluk sing gae’ne umbelen tur lak sekolah mesti di tunggoni ibu’e nek ngarep lawang kae  to…”
Yu Cempluk    : “Iyo.Iki aku Yu…”
Yu Bingah       : “Ya ampun….Kok saiki maleh koyok ngene..Mbiyen cilik metisil saiki maleh njebrot ebrat-ebrot ngene..”
Yu cempluk    : “Hoalah Yu…Yu..Sampeyan ki kok enek-enek wae…Di delok wong akeh kae loo..Isin aku..”
Yu Bingah       : “Halah..Ra usah isin…O,iyo..Ko ngendi awakmu?Wes 20 tahun ra ketoro..Tur yo ra ono kabar’e..”
Yu Cempluk    : “Aku ngelembar nak luar pulau Yu..Nak Sulawesi.Nggolek pangan lan oleh bojo nak kono.Berhubung aku wes sukses tur yo kangen deso,aku muleh nyang jowo…”
Yu Bingah       : “Ooo..Ngono ta..Pantesan..Saiki ketok wes sukses  awakmu…”
Yu Cempluk    : “Iyo Yu..Iki kabeh berkat’e Gusti Yesus.Lha sampeyan dhewe sik ngiring Gusti Yesus to..”
Yu Bingah       : “Iyo.Aku panggah nderek Gusti Yesus sampai rambutku uwan’nen kabeh.Mergo Gusti Yesus tansah berkati uripku.Kie…Deloken berkate Gusti.Sawahku ombo tur tanduranku yo subur subur..”
Yu Cempluk    : “Iyo yu..Maka’ne kuwi Yu aku bali yo ono tujuan’ne..Po meneh aku ngerti sampeyan sik ngiring Gusti Yesus.Aku tambah bungah banget..”
Yu Bingah       : “Tujuanmu opo mpluk….”
Yu  Cempluk   : “Ngene lo Yu..Desone awak’e dhewe kan wes lumayan akeh umate Gusti Yesus.Neng rung ono panggon gae ngibadah marang Gusti.Saben minggu mesti mlaku adoh menyang kutho lan ngempet kesel lan panas.Mula’ne soko kuwi,piye lek awak’e dhewe urun rembug ngedhegne grejo nak deso kene…Kebeneran Yu,aku duwe konco ko Sulawesi sing pengen ngembang’ne pelayanan’ne Gusti nak deso-deso.Lek oke…Bakal tak jak rene lan dadi gembala sidang’e nak grejo’ne dhewe…Yo mbimbing-mbimbing awak’e dhewe ngenal Gusti Yesus luweh cedhek lo yu…”
Yu Bingah       : “Iyo.Aku setuju banget wi…Grejo iki bakale dadi panggonane anak-putu’ne awake dhewe ngibadah nang Gusti Yesus.Sekaligus dadi ucapane syukure awak’e dhewe  Mergo wes di berkati Gusti.”
Yu Cempluk    : “Sipp..Tapi nggone nak ndi lo Yu..”
Yu Bingah       : “Wes ra usah khawatir..Aku dhuwe lemah kosong.Di bangun nak kono ae.Neng Boto,pasir,semen lan sak tukange urun rembug bareng-bareng yoo..”
Yu Cempluk    : “Iyo Yu…Rebes kuwi..Ehh..Beres…”
Narator           : “Wong loro mau banjur budal nglakoni opo sing di gagas,gae Pelayanan’ne Gusti,Gae anak putu lan gae poro umat’e Gusti Yesus nak deso kuwi.”

Adegan 2
Lokasi              : Sebuah rumah

Narator           : “Wektu wes ra kroso 25 tahun mlaku. Dalane urip menungso ono ae perubahan lan pasang surut.Lan jamanpun yo ugo maleh.Akeh masalah sing kedaden nang pelayanan,.gerejo lan umate Gusti Yesus nang deso kuwi.Salah siji’ne sing di dep’e cah wadhon enom jenenge Minuk.”(Musik tegang)
(Seorang gadis keluar panggung membawa sebuah koper besar dan terisak menangis.Di ikuti langkah seorang wanita paruh baya yang berusaha mengajaknya bicara)
Minuk             : “Pokok’e Minuk nggak gelem rabi bu..Gah..Wegah…Po neh bojo’ne minuk Makde Karlan sing bojone akeh kae…”
Bu Dumini      : “Ndukk..Rungok’no ibukmu to…Ibukmu nglakoni iki yo kepekso Ndukk..Awakmu ngerti dhewe to,lek utang omah wes numpuk..Lan Makde Karlan yo wes akeh ngewang’I keluargane awak’e dhewe..Mbok yo ngerti balas budi lah..Iki keluargamu Ndukk..”
Minuk             : “Wegah..Wegah..Kuwi podho ae ngedol Minuk..Minuk gah dadi sauran utang..Gek Makde Karlan lo yo uduk wong seiman..Minuk wegah Bu..Minuk wegah ninggal’ne grejo lan Gusti Yesus..”
Ibu Dumini     : “Hoalah Nduk..Ndukk..Ojo mbateg to..Nurut to to Nduk..Ibu nggak pengen awakmu dadi perawan tuek mergo  Gusti Yesusmu kuwi…”
Minuk             : “Yo ben dadi perawan tuek…Aku ra ngurus.Penting aku ra ngecul’ne imanku marang Gusti Yesus mek mergo masalah bojo po bondho,koyok sing ibu lakon’ni mbiyen.Lek ibu panggah mbateg,luweh becik Minuk minggat…”..”(Beranjak pergi)
Ibu Dumini     : (Tesentak kecil,tetapi buru-buru memanggil anaknya dan menyusulnya untuk mencegahnya pergi) “Nuk..Minuk….”

Adegan 3
Lokasi              : Sebuah rumah

(Musik Gambang)
Narator           : “Nek sudut liyo deso,masalah yo ugo kedaden neng keluargane Bu Maryo.Salah sijine umat Tuhan sing di kenal setia lan dadi pelayan nak grejo deso.Dhewek’e dhuwe anak lanang siji-sijine sing polahe bedo adoh ambek bapak lan ibu’ne.Anak lanang siji iki demen eram mabuk-mabukan,Manen’I wong tuwo lan gawe onar  nak deso Sumbertani.Yo piye kedadenane..Ayooo di tingali sareng-sareng.”
(Musik-instrument opolosan-sagita)
(Seorang pemuda keluar dengan gaya teler dan bertindak semaunya sambil di tangannya masih memegang botol Miras,sementara ibunya terlihat tak henti-hentinya memohon di belakangnya-Background musik “Oplosan)
Walijo             : (Sambil berjoget teller ) “Oplosan..Oplosan..Oplosan…”
Bu Maryo       : ( Berusaha membujuk) “Le..Uwes lee..Tutup’en botolmu..Tutup’en oplosanmu..Eman’en nyawamu le..Ojo mbok teruske..Wes ra ono guna’ne…”
Walijo             : “Ahhh..Si Mbok…Lagi enak Mbok…”
Bu Maryo       : “Enak piye to lee….Di delok wong akeh kae loo..Isin le..Isin..”
Walijo             : “Ahh….Ben..Penteng enak..Masa bodoh wong liyo…Lanjut Mbok..” (Ngeloyor pergi)
Bu Maryo       : “Dasar cah gemblung…..” (Menjerit iba) “Duh Gusti…Si tole jabang bayi kok kyok ngene…Tulung sepuran’ono..”( Sesaat kemudian baru sadar dan tak di dapat’I Walijo sudah tak berada di tempat itu ) “Lho..lho..Putraku nak ndi….Wehhhh…..Mesti iki bakal gae goro-goro neh..Duh Gusti…Gusti Yesus….Piye to iki..Le..Le…”(mengelus dada dengan sedih sambil melangkah pergi menyusul anaknya)

Adegan  4
Lokasi              : (Masih di jalan yang sama)

(Musik Sedih)
Narator           : “Minuk sing mlayu soko ibu’e mergo arep di rabekne karo makde Karlan,katon mlaku kebingungan ra ngerti tujuane arep nak ndi.Amargo kuwi,dheweke banjur lungguh nak bangku pinggir dalan karo nangis sesengukan amargo gelo’ne.Teko kadohan,katon simbah Bingah malku timik-timik nggowo teken  lan rodo trantanan,amargo yuswone simbah sing wes 80 tahun munggah.Simbah sing eruh Minuk banjur nyedhak,mergo simbah ngerti,minuk iku putu’ne Cempluk,konco lawas’e.
Si Mbah          : Lho..lho..lho..lha awak’mu lak yo Minuk to,putu’ne Mbah Cempluk,koncoku lawas…”
Minuk             : (Mengusap air matanya dan menatap Si Mbah ).”Inggih Mbah..Si Mbah kok tasek eling kulo…”
Si Mbah          : “Lho..Piye to....Putune Cempluk yo putuku lho nduk… Mosok karo putu dhewe lali…Yo nggak mungkin to…”
Minuk             : “Inggih Mbah…”
Si Mbah          : “Tapi nduk..Sajake kok dhewek’an nek kene??Ono masalah opo kok sampek nangis ngono??Gek kuwi..Kok nggowo Tas gedhe arep nak ndi..”
Minuk             : “Aku arep minggat Mbah..Aku ra krasan nak deso kene..”
Si Mbah          : “Arep Minggat nak ndi???”
Minuk             : “Minuk..Minuk nggak ngerti….Pokok’e Minuk pengen minggat ae…”
Si Mbah          :”Lho..Lho..Lho..Ra pareng ngono lho Nduk..Terus lak awakmu minggat,sopo sing ngopeni ibuk’mu..Gek Minggat tanpo tujuan yo kurang apik lo…”
Minuk             : “Lha mergo ibu mbah,minuk pengen minggat…Ibu jahat..Mosok Minuk arep di rabek’ne karo makde Karlan …..Minuk wegah mbah..Wes Makde Karlan tuwek,bojone akeh,wong’e yo mekso minuk ninggalne Grejo lan Gusti Yesus..Minuk wegah Mbah..Minuk wegah….”
Si Mbah          : (Bergedek) “Aduh..Aduh…Putu’ne Si Mbah iki…..Jan Simbah kagum mbek tekadmu sing tetep melu Gusti Yesus…Tapi,wani karo wong tuwo yo nggak apik..”
Minuk             : “Lha piye to Mbah..Mosok Minuk ape di dadekno sauran utang mergo Ibu kerep nyilek duit mae Makde Karlan trus nggak iso mbalek’ne..Mending Minuk wani karo ibu timbang wani karo Gusti Yesus….”
SiMbah           : (Bergedek) “Sing sabar ae nduk..Akeh dongo marang Gusti,sopo ngerti Gusti Yesus tansah ngrubah ati’ne ibumu..”
Minuk             : “Inggih Mbah…”
Si Mbah          : “Yo wes..Saiki ngene ae Nduk..Nimbang awakmu bingung tur nggak enek tujuan arep nak ndi..Saiki melu’o Si Mbah ae…”
Minuk             : “Teng Pundi Mbah??”
Si Mbah          : “Wes..Pokok’e melu’o ae..Nimbang neng kene dhewe dikletak setan…”
Minuk             : “Inggih Mbah..”
Narator           : “Minuk banjur ngadek.Ati’ne sing susah wes rumongso entuk panglipuran titik soko Si Mbah.Dhek’e Banjur mlaku nuntun Si Mbah lan manut di jak mlaku melu Si Mbah.”(Musik-Gambang)

Adegan 5
Lokasi              : Di sebuah jalan lain.

Narator           : “Nek Panggon liyo,Walijo sing Mendhem mlaku gloyoran karo nggowo oplosane lan nyanyi-nyanyi ra karuan.Ko kadohan katon Kapten utowo gembala sidang grejo deso mlaku nuntun sepedha ontel’e.Njur ndelok Walijo sing di kenal putrane Bu Maryo,Kapten kepengen nyopo.Neng anggone Kapten Gawe seragam pelayanan,moto’ne Walijo salah tompo.”
Kapten            : “Lho Jo..Arep nak ndi??Lak mlaku sing bener..jo watu semono gedhe’ne di tabrak…..”
Walijo             : (Kaget dan tergagap) “Waduh..Po..Po..Polisi..Polisi….”
Kapten            : “Polisi…???Lho..Lho..Lho…Aku ki Kapten Grejo deso..Uduk Polisi…Lho..Jo..Walijo….”
Walijo             : (Tak peduli dan terus lari tunggang langgan)
Narator           : “Kapten sing nggak ngerti perkoro kuwi mung gedhek-gedhek,nyawang Walijo mlayu sipat kuping.Dhewek’e banjur nerus’ne mlaku’ne ngendangi jemaat gerejo.”

Adegan 6
Lokasi              : Di Jalan yang sama

Narator           :”Let nggak suwi Kapten lewat panggonan kono,teko adoh banjur ketoro Bu Maryo sing nyelok-nyelok anak’e.”
Bu Maryo       : “Jo..Walijo…Nak ndi awakmu..Ayooo bali lee…Jo nggawe goro-goro…”
Narator           : “Karepe Bu Maryo pengen nemok’ne Walijo,neng dhewek’e malah kepethuk Bu Dumini,Konco lawas’e sing saiki malah satruan.Naliko kuwi,Bu Dumini dhewe you go nggolek’I Minuk,anak tunggal’e sing minggat soko omah.”
Bu Dumini      : “Nuk..Minuk…Nek ndi awakmu..Jo Minggat Nduk…Mesakno to ibumu iki..Dhewean nak omah ra ono sing ngopeni…Ndukk..Ndukk…Beh,piye to awakmu iki…”
Bu Maryo       : (Tiba-tiba berhenti dan terkejut) “Lho..Yu Dumini…Arep nak ndi Yu….”
Bu Dumini      : “Iki lho Yu..Aku nggolek’I Minuk anak’ku.Dhewek’e Minggat teko omah….”
Bu Maryo       : “Lha kenopo kok iso Minggat….”
Bu Dumini      : “Halah..Biasa..Anak wedhok,wes perawan,cukup umur..Ra gelem tak rabek’no..”
Bu Maryo       : “Mang’e arep mbok rabek’no mbok sopo Yu..”
Bu Dumini      : “Kuwi loo Yu..Jawaku arep tak oleh’ne Pak Karlan..Juragan sugeh,lemah’e ombo lan iso gae urip’e minuk enak suk-suk’e…”
Bu Maryo       : “Pak karlan sing omah’e pojok deso kae..Sing bojo’ne ono wolu kae…”
Bu Dumini      : “Ho oh..Emang masalah Yu..”
Bu Maryo       : “Hoalah..Yo jelas nggak gelem lah..Pak Karlan lo umure piro..Minuk Piro…Yo po pantes..Mosok bapak di olehno anak…”
Bu Dumini      : “Yo sak-ser serku to Yu..Wong anak-anakku dhewe….Lha sampean nyapo barang nak kene???”
Bu Maryo       : “Aku..Aku nggolek’I Walijo anakku Yu..”
Bu Dumini      : “Mang’e nyapo Walijo..Mabuk enek..Gae goro-goro neh….”
Bu Maryo       : (Mengangguk menahan malu) “Ho oh..”
Bu Dumini      : (Terdiam sesaat lalu tertawa) “Ha..ha..ha…Ya ampun Yu..Yu..Kok ngenes men to nasibmu….Ndhuwe anak Siji ae kopler’e ngadubilah….Trus opo Gunan’ne lak mu dadi pelayan Grejo neng ra iso ndidik anak….”
Bu Maryo       : (Tak dapat lagi menahan rasa marah ) “Heh Yu…Ojo ngomong sembarangan..Ojo nggowo-nggowo masalah  grejo barang yo..Opo awakmu ra eleng gitok’mu dhewe..Mek goro-goro masalah sandhang lan pangan,awakmu ninggal’ne Gusti Yesus..Maka’ne saiki uripmu susah akeh utang’e..Sampek-sampek anakmu mbok rabek’ne gawe nyaur utangmu….”
Bu Dumini      : (Amarahnya meledak dan menghampiri Bu Maryo,hendak menjambak rambutnya) “Oooo..Kurang ajar temen awakmu yo yu..Yoohh,rasak’no iki…”
Narator           : “Bu Maryo sing kesulut emosine banjur ngladeni tantangane Bu Dumini.Neng mek kurang titik engkas wong loro mau tukar padu,ono pihak liyo sing misah gae sempritane.
Kapten           : (Meniup peluit dan memisahkan) “Stop—Stop..Ono opo iki kok podho arep kerah nak dalan…”
Bu Maryo,Bu Dumini : (Terkejut dan tersipu malu) “Eh..Kapten..”
Bu Maryo       : “Dhewek’e dhisik Kap sing mulai perkoro….”
Bu Dumini      : “Genah awakmu dhisik no sing ngelok-ngelok’ne anakku..”
Bu Maryo       : “Lho kuwi pantes..Mang nyatane dadi ibu awakmu kebacut….”
Bu Dumini      : “Anak,anakku..Nyapo sampean ngurus…”
Kapten            : (Merentangkan tangan member i  jarak) “Uwes..Uwes..Cukup..ojo di teruske…Di persan’I wong sak mono okeh’e kae lo..Mosok nggak isin…Awak’e dhewe ki kabeh sedulur seiman ra pareng tukar padhu….”
Narator           : “Naliko kuwi nyusul Si Mbah nak panggonan kono di tuntun Si Minuk sing ndelek nak mburine Si Mbah.”
Si Mbah          : “Iyo…Bener kandha’ne.Awake’e dhewe ki kabeh  sedulur seiman yo podho kudu rukun..Ora pareng musuhan,ora pareng tukaran..Neng kudu dadi siji makaryo bareng-bareng dadi kesaksian kang becik nak wong kiwo tengen… Supoyo wong sing nggak kenal Gusti Yesus dadi kenal lan oleh Keslametan….”
Bu Dumini      : (Menggerutu) “Dulur seiman opo???Wong aku wes ra tau ndemok tlatah grejo..Ora..Aku duk dulur seiman’e awakmu kabeh..”
Si Mbah          : “Heeh..Dumini..Ra pareng awakmu pangucap ngono.Senajan awakmu wes suwi ninggal’ne grejo lan Gusti Yesus..Neng Gusti Yesus sek tresno awakmu loo..Bukti’ne lewat  dongo’ne putu’ku iki awakmu titik-titik sik di cukup’ne uripmu. “
Bu Dumini      : “Halah..Cukup opo to mbah..Bukti’ne uripku yo panggah susah,tur yo akehutang’e….Koyo to Yu Maryo iki,dadi pelayan g seprono seprene,yo opo oleh’e…Deleng’en to mbah,Si Walijo..Saben dino penggaweane yo opo..Mabuk-mabukan,gawe goro-goro nak deso..Dadi podho ae to….”
Kapten            : (Bergedek) “Bu..Mboten angsal muni mekaten loo…Wi podho’ne nggak ngreggani tresna’ne Gusti Yesus…”
Si Mbah          : “Kapten bener Dumini.Pangucapanmu kuwi tanda’ne awakmu nggak duwe roso bersyukur kambeh Gusti.Maka’ne Gusti tansah gae uripmu susah lan akeh utang’e.Kuwi gae tondho ngeleng’ne awakmu ben cedhak karo Gusti Yesus maneh…”
Minuk             : “Si Mbah bener bu..Maka’ne weslah,mandheg’o lak ibu gae utang nak ndi-ndi…Ayo to bu,mbalek nak grejo neh,ben urip’e awak’e dhewe nggak tambah susah lan di berkati karo gusti…”
Bu Dumini      : (Masih sewot) “Lha terus koyok Bu Maryo ngono kuwi…”
Kapten            : “Ibu..Dalan’e urip menungso wes digawe dhewe mbek Gusti…Senajan Bu Maryo setia neng anak’e ndablek koyo setan,neng lak dongo’ne Bu Maryo nggak mandheg-mandheg kanggo anak’ke…Yo Gusti Yesus  bakal meneh’I wakti gae nyadar’ne si walijo…Inggih to bu…”
Bu Maryo       : “Inggip Kapten…Matur suwun…”
Narator           :  “Bu Dumini isek meneng ngrungok’ne pangucapane wong-wong kabeh,Alon-alon ati’ne mulai kroso isin neng mulai nyadari lak dhewek’e ono roso salah.Si Mbah,Minuk,kapten lan Bu Maryo mung nyawang Bu Dumini mbek kekarepan wong wadhon kuwi entuk pengertian lan iso nompo pangucapane  wong kabeh.Neng,pas wayah hening-hening’e,ujug-ujug Si Walijo metu ko kadohan bengok banter karo malyu sipat kuping nyeluk’I ibu’e…”
Walijo             : (Berlari sempoyongan,ketakutan) “Mboooookkkkk….Si Mbokkkkkkk……” (Langsung tersungkur di bawah kaki Bu Maryo)
Bu Maryo       : (Terkejut) “Lho..Lho..Lho..Le…Ono opo iki…Nyapo kok ujug-ujug awakmu nylungsep nak sikil’ku…”
Walijo             : “Mbok..Tobat Mbokk..Ampun…Ampun Mbok..Aku wes kuwalat karo Si Mbok..Aku njaluk sepuro Mbok..”
Bu Maryo       : “Emang’e enek opo kok ujug-ujug awakmu dhuwe karep ngene…”
Walijo             : “Mbok..Aku mau kepethuk karo Pak Polisi..Aku wedhi di tangkap,Aku wedhi di kunjoro..Njur aku mlayu..Neng aku mek keterak becak Mbok…”
Bu Maryo       : (Terkejut ) “Haaahhhh..Lha terus..Lha terus piye lee..Apamu sing tatu….”
Walijo             : “Aku slamet Mbok…Aku slamet….Neng botolku sing ra slamet..Oplosanku pecah Mbok..Entek krompyangan nak dalan…Njur aku kelingan Si Mbok trus Goleki Si Mbok….”
Bu Maryo       : “Haduh leee…….”(Menengadah ke atas) “Duh Gusti..Matur suwun Gusti..Matur suwun…”
Walijo             : “Iyo Mbok..Iyo ..Tapi..Tapi…”(Terkejut ketika melihat Kapten.Ia langsung berniat hendak lari tapi keburu tangannya di tangkap Bu Maryo.
Bu Maryo       :“Le..Le..Arep nak ndi..Ojo ngaleh..Ko awakmu keterak becak neh..”
Walijo             : “Iku Mbok..Iku..Ono Pak Polisi..Aku nko di kecek Mbok…”
Bu Maryo       : “Husssh..Iki uduk Pak Polisi lee…Iki ki Kapten Grejo’ne dhewe..Sek kelingan to,sing sekolah minggu tau nyritan’I lair’e Gusti Yesus kae Lo…..”
Kapten            : “Iyo Jo..Sek kelingan to..Naliko awakmu tak dadek’ne Embek pas Natalan Mbiyen…”
Walijo             :“Kapten..Kapten..Ooo..Iyo..Aku kelingan Mbok..Neng saiki aku rumongso dadi Embek sing ilang lan adoh ko Gerejo lan Gusti Yesus…”
Bu Maryo       : “Maka’ne kuwi lee..Wi dadi tandan’e ko Gusti Yesus supoyo awakmu mbalek nak grejo lan luweh cedhek maneh marang Gusti Yesus….Dadi saiki mratobat’o…”
Walijo             : “Iyo Mbok..Iyo…”
Kapten            : (Menatap Bu Dumini dan memberi  nasehat) “Nah Yu..Koyok to si Walijo iki..Gusti Yesus nggih ndhuwe kekarepan sing podho marang sampeyan.Mergo Gedhe tresnane Gusti marang sampeyan lan manungso,Gusti dhewe sampek mbelan-mbelani menehi Anak’E sing Tunggal,supoyo sampeyan lan kabeh’ing manungso,ora mati sio-sio neng iso oleh kslametan.Conto’ne si Walijo mau sing slamet mek di tabrak becak…..Wi iso kedaden yo mergo kemurahan’ne Gusti Yesus…”
(Saat itu lewat peran Maria dan Yusuf dengan menggendong Bayi Yesus)
Si Mbah          : “Bener kandhan’e Kapten.Mergo tujuan’ne Gusti Yesus Teko nak dunyo iki gae ndadhek’e siji awak’e dhewe kabeh…..Sing mamangane adoh maleh cedhek,mamangene mati mergo dosa oleh slaet,lan mamangane kerah maleh akur.Mulonae kuwi sedulur kabeh…Ayo podho Guyub Rukun lan ojo tukar padhu..Mergo awak’e dhewe kabeh ki pdho balan siji nak Gusti Yesus…”
Bu Dumini      :“Inggih Mbah..Kulo pancen salah….Kulo njaluk sepuro….”
Si Mbah          :“Ojo Nak aku Dumini..Neng mae anakmu lan sing penting mae Gusti Yesus dhewe.Mulai saiki…Bali’o…”
Minuk             : “Iyo bu…Ayo mulai saiki ibu bali nang mae Gusti Yesus..Ngabekti maneh nang grejo supoyo urep’e awak’e dhewe di berkati…”
Bu Dumini      :“Iyo..Sepuranne ibumu ki Minuk…Mulai saiki ibu nggak bakal mekso awakmu rabi lan nuruti karep’e ibu…Ibu sadar,lak saiki awakmu wes gedhe..Iso mikir dalanmu dhewe…Gusti  Yesus,sepura’ne aku…..”
Minuk             :“Iyo Bu…..”(Menengadah keatas mengucap syukur) “Duh Gusti…Matur suwun….”
Narator           :“Nah..sedulur-sedulur,wes mireng’ne cerito iki to….Wes ngerti to…Dadi mulai saiki,ayo podho sareng-sareng guyub rukun mbeh sedulur seiman,mbangun grejo’ne dhewe supoyo pelayanane Gusti luweh maju lan you go iso dadi kesaksian nak wong liyo sing durung kenal Gusti Yesus.Akhir kata…..Gusti Yesus Tansah berkat’i.Ameeennnn…

---------- Bar ------------

Sedulur-sedulur,cerito iki mung awu-awu lan Rekaan ae.Lak menowo enek Jeneng,panggon,kedaden lan kisah sing podho,mek mergo nggak sengojo.Di jupuk ae sisi positif’e lan jo di nut sisi negetif’e.Matur nuwun.Gusti Yesus Amberkah’i.