“Yesus
Mempersekutukan Kita.”
(Versi Bahasa Jawa)
Cast Character :
1.Simbah/Yu Bingah : Pendiri/sesepuh Gereja desa
2.Kapten : Gembala sidang gereja setempat
3.Minuk : Gadis 18 Tahun yang di paksa menikah
dengan tuan tanah desa
4.Ibu Dumini : Ibu dari Minuk.Seorang mantan jemaat
gereja yang meninggalkan Gereja dan Tuhan karena desakan ekonomi.
5.Walijo : Seorang pemuda
desa,pengangguran,pemabuk.
6.Ibu Walijo : Seorang jemaat gereja yang setia dan
taat kepada Tuhan dan juga
pelayan gereja
7.Yusuf : Suami Maria
8.Maria : Istri Yusuf
9.Yu Cempluk :Kawan lama Yu Bingah,Ibu dari Bu
Dumini dan nenek Minuk
Sinopsis :
Ono sawijing
konco lawas podo ketemuan neng dalan pinggir persawahan deso.Yu Bingah lan Yu
Cempluk.Wong loro mau banjur podo bungah mergo roso kangen,podo crito
pengalamane urip sing wes 20 Tahun nggak ketemu.Yu Bingah sing sukses duwe
lemah lan sawah ombo mbek tandurane sing subur-subur,lan Yu cempluk sing ngadu
nasib nek luar pulau,mulih ugo nggowo duwit sak gepog.Wong loro mau banjur
rumongso keberhasilan mau mego uduk usahane dhewe neng mergo berkat’e Gusti
Yesus.Mulo soko kuwi,wong loro mau banjur sepakat ngedekne Gerejo lan
ngembang’ne pelayanan Tuhan neng Deso Sumber Tani,deso kelairan’ne Yu Bingah
lan Yu cempluk.
25 Tahun ra
kroso wes mlaku.Dalane urip menungso ono ae perubahan lan pasang surut.Lan
jamanpun you go maleh.Akeh masalah sing kedaden nang pelayanan,.gerejo lan
umate Gusti Yesus nang deso kuwi.Nah kepriye ceritane..Ayooo di ongak nak TKP.
Adegan 1.
Lokasi : Dalan Pinggir sawah.
Narator : “Ing sawijining Dino neng Deso
sumber Tani,kasebut wong wadon sugeh,sawahe ombo,omahe apik lan di rumat’I wong
sak deso mergo becik atine,lagi mlaku-mlaku ngongak tanduran neng sawah.Nek
bangkekane nyantol rinjing kosong,lan eseme ora mandheg-mandheg mergo bungah
ati’ne.Wong wadon kuwi,jenenge Yu Bingah.”(Musik-gambang)
Yu Bingah : ( Dengan Gaya centil) “Ya
ampuuunnnn…Tanduranku lek lemu-lemu.Kacang’e dhowo-dhowo,terong’e gedhi-gedhi..Pari’ne
wes mulai kuning..Hmmm…Dilut engkas panen ki…”(.(Menengadah ke atas).”Duh Gusti
Yesus…Iki kabeh mergo berkat’mu.Matur suwun Gusti…”
Narator :”Let nggak suwe,ko kadohan katon
wong wadhon liyo mlaku nyedhak lan ngawe-ngawe karo nyelok-nyelok Yu
Bingah,wong wadhon sing lagi bungah iku.”
Yu Cempluk : “Ngah..Bingah…iku awakmu to….”
Yu Bingah : (Heran ) “Lho..lho..lho…Sopo kuwi kok
celok-celok aku…”
Yu Cempluk : (Tak lama kemudian mendekat dan terkejut
bercampur senang karena dugaannya benar) “”Hoalahhh..Bak-bak’no tenan to..Iki
awakmu..”
Yu Bingah : (Masih bingung ) “Lho..Sopo sampean…”
Yu cempluk : “Aku cempluk…Koncomu SD kae…Mosok lali..”
Yu Bingah : “Cempluk..Cempluk..Cempluk..Oalah,Cempluk
sing gae’ne umbelen tur lak sekolah mesti di tunggoni ibu’e nek ngarep lawang
kae to…”
Yu Cempluk : “Iyo.Iki aku Yu…”
Yu Bingah : “Ya ampun….Kok saiki maleh koyok
ngene..Mbiyen cilik metisil saiki maleh njebrot ebrat-ebrot ngene..”
Yu cempluk : “Hoalah Yu…Yu..Sampeyan ki kok enek-enek
wae…Di delok wong akeh kae loo..Isin aku..”
Yu Bingah : “Halah..Ra usah isin…O,iyo..Ko ngendi
awakmu?Wes 20 tahun ra ketoro..Tur yo ra ono kabar’e..”
Yu Cempluk : “Aku ngelembar nak luar pulau Yu..Nak
Sulawesi.Nggolek pangan lan oleh bojo nak kono.Berhubung aku wes sukses tur yo
kangen deso,aku muleh nyang jowo…”
Yu Bingah : “Ooo..Ngono ta..Pantesan..Saiki ketok
wes sukses awakmu…”
Yu Cempluk : “Iyo Yu..Iki kabeh berkat’e Gusti
Yesus.Lha sampeyan dhewe sik ngiring Gusti Yesus to..”
Yu Bingah : “Iyo.Aku panggah nderek Gusti Yesus
sampai rambutku uwan’nen kabeh.Mergo Gusti Yesus tansah berkati uripku.Kie…Deloken
berkate Gusti.Sawahku ombo tur tanduranku yo subur subur..”
Yu Cempluk : “Iyo yu..Maka’ne kuwi Yu aku bali yo ono
tujuan’ne..Po meneh aku ngerti sampeyan sik ngiring Gusti Yesus.Aku tambah
bungah banget..”
Yu Bingah : “Tujuanmu opo mpluk….”
Yu Cempluk :
“Ngene lo Yu..Desone awak’e dhewe kan wes lumayan akeh umate Gusti Yesus.Neng
rung ono panggon gae ngibadah marang Gusti.Saben minggu mesti mlaku adoh
menyang kutho lan ngempet kesel lan panas.Mula’ne soko kuwi,piye lek awak’e
dhewe urun rembug ngedhegne grejo nak deso kene…Kebeneran Yu,aku duwe konco ko
Sulawesi sing pengen ngembang’ne pelayanan’ne Gusti nak deso-deso.Lek oke…Bakal
tak jak rene lan dadi gembala sidang’e nak grejo’ne dhewe…Yo mbimbing-mbimbing
awak’e dhewe ngenal Gusti Yesus luweh cedhek lo yu…”
Yu Bingah : “Iyo.Aku setuju banget wi…Grejo iki
bakale dadi panggonane anak-putu’ne awake dhewe ngibadah nang Gusti
Yesus.Sekaligus dadi ucapane syukure awak’e dhewe Mergo wes di berkati Gusti.”
Yu Cempluk : “Sipp..Tapi nggone nak ndi lo Yu..”
Yu Bingah : “Wes ra usah khawatir..Aku dhuwe lemah
kosong.Di bangun nak kono ae.Neng Boto,pasir,semen lan sak tukange urun rembug
bareng-bareng yoo..”
Yu Cempluk : “Iyo Yu…Rebes kuwi..Ehh..Beres…”
Narator : “Wong loro mau banjur budal
nglakoni opo sing di gagas,gae Pelayanan’ne Gusti,Gae anak putu lan gae poro
umat’e Gusti Yesus nak deso kuwi.”
Adegan 2
Lokasi : Sebuah rumah
Narator : “Wektu wes ra kroso 25 tahun mlaku.
Dalane urip menungso ono ae perubahan lan pasang surut.Lan jamanpun yo ugo
maleh.Akeh masalah sing kedaden nang pelayanan,.gerejo lan umate Gusti Yesus
nang deso kuwi.Salah siji’ne sing di dep’e cah wadhon enom jenenge Minuk.”(Musik
tegang)
(Seorang gadis keluar panggung
membawa sebuah koper besar dan terisak menangis.Di ikuti langkah seorang wanita
paruh baya yang berusaha mengajaknya bicara)
Minuk : “Pokok’e Minuk nggak gelem rabi
bu..Gah..Wegah…Po neh bojo’ne minuk Makde Karlan sing bojone akeh kae…”
Bu Dumini : “Ndukk..Rungok’no ibukmu to…Ibukmu
nglakoni iki yo kepekso Ndukk..Awakmu ngerti dhewe to,lek utang omah wes
numpuk..Lan Makde Karlan yo wes akeh ngewang’I keluargane awak’e dhewe..Mbok yo
ngerti balas budi lah..Iki keluargamu Ndukk..”
Minuk : “Wegah..Wegah..Kuwi podho ae
ngedol Minuk..Minuk gah dadi sauran utang..Gek Makde Karlan lo yo uduk wong
seiman..Minuk wegah Bu..Minuk wegah ninggal’ne grejo lan Gusti Yesus..”
Ibu Dumini : “Hoalah Nduk..Ndukk..Ojo mbateg to..Nurut
to to Nduk..Ibu nggak pengen awakmu dadi perawan tuek mergo Gusti Yesusmu kuwi…”
Minuk : “Yo ben dadi perawan tuek…Aku ra
ngurus.Penting aku ra ngecul’ne imanku marang Gusti Yesus mek mergo masalah
bojo po bondho,koyok sing ibu lakon’ni mbiyen.Lek ibu panggah mbateg,luweh
becik Minuk minggat…”..”(Beranjak pergi)
Ibu Dumini : (Tesentak kecil,tetapi buru-buru
memanggil anaknya dan menyusulnya untuk mencegahnya pergi) “Nuk..Minuk….”
Adegan 3
Lokasi : Sebuah rumah
(Musik Gambang)
Narator : “Nek sudut liyo deso,masalah yo ugo
kedaden neng keluargane Bu Maryo.Salah sijine umat Tuhan sing di kenal setia
lan dadi pelayan nak grejo deso.Dhewek’e dhuwe anak lanang siji-sijine sing
polahe bedo adoh ambek bapak lan ibu’ne.Anak lanang siji iki demen eram
mabuk-mabukan,Manen’I wong tuwo lan gawe onar
nak deso Sumbertani.Yo piye kedadenane..Ayooo di tingali sareng-sareng.”
(Musik-instrument opolosan-sagita)
(Seorang pemuda keluar dengan gaya
teler dan bertindak semaunya sambil di tangannya masih memegang botol
Miras,sementara ibunya terlihat tak henti-hentinya memohon di belakangnya-Background
musik “Oplosan)
Walijo :
(Sambil berjoget teller ) “Oplosan..Oplosan..Oplosan…”
Bu Maryo : ( Berusaha membujuk) “Le..Uwes
lee..Tutup’en botolmu..Tutup’en oplosanmu..Eman’en nyawamu le..Ojo mbok
teruske..Wes ra ono guna’ne…”
Walijo :
“Ahhh..Si Mbok…Lagi enak Mbok…”
Bu Maryo : “Enak piye to lee….Di delok wong akeh kae
loo..Isin le..Isin..”
Walijo : “Ahh….Ben..Penteng enak..Masa bodoh
wong liyo…Lanjut Mbok..” (Ngeloyor pergi)
Bu Maryo : “Dasar cah gemblung…..” (Menjerit iba)
“Duh Gusti…Si tole jabang bayi kok kyok ngene…Tulung sepuran’ono..”( Sesaat
kemudian baru sadar dan tak di dapat’I Walijo sudah tak berada di tempat itu )
“Lho..lho..Putraku nak ndi….Wehhhh…..Mesti iki bakal gae goro-goro neh..Duh Gusti…Gusti
Yesus….Piye to iki..Le..Le…”(mengelus dada dengan sedih sambil melangkah pergi
menyusul anaknya)
Adegan 4
Lokasi : (Masih di
jalan yang sama)
(Musik Sedih)
Narator : “Minuk sing mlayu soko ibu’e mergo
arep di rabekne karo makde Karlan,katon mlaku kebingungan ra ngerti tujuane
arep nak ndi.Amargo kuwi,dheweke banjur lungguh nak bangku pinggir dalan karo
nangis sesengukan amargo gelo’ne.Teko kadohan,katon simbah Bingah malku
timik-timik nggowo teken lan rodo
trantanan,amargo yuswone simbah sing wes 80 tahun munggah.Simbah sing eruh Minuk
banjur nyedhak,mergo simbah ngerti,minuk iku putu’ne Cempluk,konco lawas’e.
Si Mbah : Lho..lho..lho..lha awak’mu lak yo
Minuk to,putu’ne Mbah Cempluk,koncoku lawas…”
Minuk : (Mengusap air matanya dan menatap Si
Mbah ).”Inggih Mbah..Si Mbah kok tasek eling kulo…”
Si Mbah : “Lho..Piye to....Putune Cempluk yo
putuku lho nduk… Mosok karo putu dhewe lali…Yo nggak mungkin to…”
Minuk :
“Inggih Mbah…”
Si Mbah : “Tapi nduk..Sajake kok dhewek’an nek
kene??Ono masalah opo kok sampek nangis ngono??Gek kuwi..Kok nggowo Tas gedhe
arep nak ndi..”
Minuk : “Aku arep minggat Mbah..Aku ra
krasan nak deso kene..”
Si Mbah : “Arep Minggat nak ndi???”
Minuk :
“Minuk..Minuk nggak ngerti….Pokok’e Minuk pengen minggat ae…”
Si Mbah :”Lho..Lho..Lho..Ra pareng ngono lho
Nduk..Terus lak awakmu minggat,sopo sing ngopeni ibuk’mu..Gek Minggat tanpo
tujuan yo kurang apik lo…”
Minuk : “Lha mergo ibu mbah,minuk pengen
minggat…Ibu jahat..Mosok Minuk arep di rabek’ne karo makde Karlan …..Minuk
wegah mbah..Wes Makde Karlan tuwek,bojone akeh,wong’e yo mekso minuk ninggalne
Grejo lan Gusti Yesus..Minuk wegah Mbah..Minuk wegah….”
Si Mbah : (Bergedek) “Aduh..Aduh…Putu’ne Si Mbah
iki…..Jan Simbah kagum mbek tekadmu sing tetep melu Gusti Yesus…Tapi,wani karo
wong tuwo yo nggak apik..”
Minuk : “Lha piye to Mbah..Mosok Minuk ape
di dadekno sauran utang mergo Ibu kerep nyilek duit mae Makde Karlan trus nggak
iso mbalek’ne..Mending Minuk wani karo ibu timbang wani karo Gusti Yesus….”
SiMbah : (Bergedek) “Sing sabar ae
nduk..Akeh dongo marang Gusti,sopo ngerti Gusti Yesus tansah ngrubah ati’ne
ibumu..”
Minuk :
“Inggih Mbah…”
Si Mbah : “Yo wes..Saiki ngene ae Nduk..Nimbang
awakmu bingung tur nggak enek tujuan arep nak ndi..Saiki melu’o Si Mbah ae…”
Minuk : “Teng Pundi Mbah??”
Si Mbah : “Wes..Pokok’e melu’o ae..Nimbang
neng kene dhewe dikletak setan…”
Minuk :
“Inggih Mbah..”
Narator : “Minuk banjur ngadek.Ati’ne sing
susah wes rumongso entuk panglipuran titik soko Si Mbah.Dhek’e Banjur mlaku
nuntun Si Mbah lan manut di jak mlaku melu Si Mbah.”(Musik-Gambang)
Adegan 5
Lokasi : Di sebuah
jalan lain.
Narator : “Nek Panggon liyo,Walijo sing
Mendhem mlaku gloyoran karo nggowo oplosane lan nyanyi-nyanyi ra karuan.Ko
kadohan katon Kapten utowo gembala sidang grejo deso mlaku nuntun sepedha
ontel’e.Njur ndelok Walijo sing di kenal putrane Bu Maryo,Kapten kepengen nyopo.Neng
anggone Kapten Gawe seragam pelayanan,moto’ne Walijo salah tompo.”
Kapten : “Lho Jo..Arep nak ndi??Lak mlaku
sing bener..jo watu semono gedhe’ne di tabrak…..”
Walijo : (Kaget dan tergagap)
“Waduh..Po..Po..Polisi..Polisi….”
Kapten : “Polisi…???Lho..Lho..Lho…Aku ki
Kapten Grejo deso..Uduk Polisi…Lho..Jo..Walijo….”
Walijo :
(Tak peduli dan terus lari tunggang langgan)
Narator : “Kapten sing nggak ngerti perkoro
kuwi mung gedhek-gedhek,nyawang Walijo mlayu sipat kuping.Dhewek’e banjur
nerus’ne mlaku’ne ngendangi jemaat gerejo.”
Adegan 6
Lokasi : Di Jalan yang
sama
Narator :”Let nggak suwi Kapten lewat
panggonan kono,teko adoh banjur ketoro Bu Maryo sing nyelok-nyelok anak’e.”
Bu Maryo : “Jo..Walijo…Nak ndi awakmu..Ayooo bali
lee…Jo nggawe goro-goro…”
Narator : “Karepe Bu Maryo pengen nemok’ne
Walijo,neng dhewek’e malah kepethuk Bu Dumini,Konco lawas’e sing saiki malah
satruan.Naliko kuwi,Bu Dumini dhewe you go nggolek’I Minuk,anak tunggal’e sing
minggat soko omah.”
Bu Dumini : “Nuk..Minuk…Nek ndi awakmu..Jo Minggat
Nduk…Mesakno to ibumu iki..Dhewean nak omah ra ono sing ngopeni…Ndukk..Ndukk…Beh,piye
to awakmu iki…”
Bu Maryo : (Tiba-tiba berhenti dan terkejut)
“Lho..Yu Dumini…Arep nak ndi Yu….”
Bu Dumini : “Iki lho Yu..Aku nggolek’I Minuk
anak’ku.Dhewek’e Minggat teko omah….”
Bu Maryo : “Lha kenopo kok iso Minggat….”
Bu Dumini : “Halah..Biasa..Anak wedhok,wes
perawan,cukup umur..Ra gelem tak rabek’no..”
Bu Maryo : “Mang’e arep mbok rabek’no mbok sopo
Yu..”
Bu Dumini : “Kuwi loo Yu..Jawaku arep tak oleh’ne
Pak Karlan..Juragan sugeh,lemah’e ombo lan iso gae urip’e minuk enak
suk-suk’e…”
Bu Maryo : “Pak karlan sing omah’e pojok deso
kae..Sing bojo’ne ono wolu kae…”
Bu Dumini : “Ho oh..Emang masalah Yu..”
Bu Maryo : “Hoalah..Yo jelas nggak gelem
lah..Pak Karlan lo umure piro..Minuk Piro…Yo po pantes..Mosok bapak di olehno
anak…”
Bu Dumini : “Yo sak-ser serku to Yu..Wong
anak-anakku dhewe….Lha sampean nyapo barang nak kene???”
Bu Maryo : “Aku..Aku nggolek’I Walijo anakku Yu..”
Bu Dumini : “Mang’e nyapo Walijo..Mabuk enek..Gae
goro-goro neh….”
Bu Maryo : (Mengangguk menahan malu) “Ho oh..”
Bu Dumini : (Terdiam sesaat lalu tertawa)
“Ha..ha..ha…Ya ampun Yu..Yu..Kok ngenes men to nasibmu….Ndhuwe anak Siji ae
kopler’e ngadubilah….Trus opo Gunan’ne lak mu dadi pelayan Grejo neng ra iso
ndidik anak….”
Bu Maryo : (Tak dapat lagi menahan rasa marah )
“Heh Yu…Ojo ngomong sembarangan..Ojo nggowo-nggowo masalah grejo barang yo..Opo awakmu ra eleng gitok’mu
dhewe..Mek goro-goro masalah sandhang lan pangan,awakmu ninggal’ne Gusti Yesus..Maka’ne
saiki uripmu susah akeh utang’e..Sampek-sampek anakmu mbok rabek’ne gawe nyaur
utangmu….”
Bu Dumini : (Amarahnya meledak dan menghampiri Bu
Maryo,hendak menjambak rambutnya) “Oooo..Kurang ajar temen awakmu yo yu..Yoohh,rasak’no
iki…”
Narator : “Bu Maryo sing kesulut emosine
banjur ngladeni tantangane Bu Dumini.Neng mek kurang titik engkas wong loro mau
tukar padu,ono pihak liyo sing misah gae sempritane.
Kapten : (Meniup peluit dan memisahkan)
“Stop—Stop..Ono opo iki kok podho arep kerah nak dalan…”
Bu Maryo,Bu Dumini : (Terkejut dan tersipu malu)
“Eh..Kapten..”
Bu Maryo : “Dhewek’e dhisik Kap sing mulai
perkoro….”
Bu Dumini : “Genah awakmu dhisik no sing
ngelok-ngelok’ne anakku..”
Bu Maryo : “Lho kuwi pantes..Mang nyatane dadi ibu
awakmu kebacut….”
Bu Dumini : “Anak,anakku..Nyapo sampean ngurus…”
Kapten : (Merentangkan tangan member i jarak) “Uwes..Uwes..Cukup..ojo di teruske…Di
persan’I wong sak mono okeh’e kae lo..Mosok nggak isin…Awak’e dhewe ki kabeh
sedulur seiman ra pareng tukar padhu….”
Narator : “Naliko kuwi nyusul Si Mbah nak
panggonan kono di tuntun Si Minuk sing ndelek nak mburine Si Mbah.”
Si Mbah : “Iyo…Bener kandha’ne.Awake’e dhewe
ki kabeh sedulur seiman yo podho kudu
rukun..Ora pareng musuhan,ora pareng tukaran..Neng kudu dadi siji makaryo
bareng-bareng dadi kesaksian kang becik nak wong kiwo tengen… Supoyo wong sing
nggak kenal Gusti Yesus dadi kenal lan oleh Keslametan….”
Bu Dumini : (Menggerutu) “Dulur seiman opo???Wong
aku wes ra tau ndemok tlatah grejo..Ora..Aku duk dulur seiman’e awakmu kabeh..”
Si Mbah : “Heeh..Dumini..Ra pareng awakmu
pangucap ngono.Senajan awakmu wes suwi ninggal’ne grejo lan Gusti Yesus..Neng
Gusti Yesus sek tresno awakmu loo..Bukti’ne lewat dongo’ne putu’ku iki awakmu titik-titik sik
di cukup’ne uripmu. “
Bu Dumini : “Halah..Cukup opo to mbah..Bukti’ne
uripku yo panggah susah,tur yo akehutang’e….Koyo to Yu Maryo iki,dadi pelayan g
seprono seprene,yo opo oleh’e…Deleng’en to mbah,Si Walijo..Saben dino penggaweane
yo opo..Mabuk-mabukan,gawe goro-goro nak deso..Dadi podho ae to….”
Kapten : (Bergedek) “Bu..Mboten angsal muni
mekaten loo…Wi podho’ne nggak ngreggani tresna’ne Gusti Yesus…”
Si Mbah : “Kapten bener Dumini.Pangucapanmu
kuwi tanda’ne awakmu nggak duwe roso bersyukur kambeh Gusti.Maka’ne Gusti
tansah gae uripmu susah lan akeh utang’e.Kuwi gae tondho ngeleng’ne awakmu ben
cedhak karo Gusti Yesus maneh…”
Minuk : “Si Mbah bener bu..Maka’ne
weslah,mandheg’o lak ibu gae utang nak ndi-ndi…Ayo to bu,mbalek nak grejo
neh,ben urip’e awak’e dhewe nggak tambah susah lan di berkati karo gusti…”
Bu Dumini : (Masih sewot) “Lha terus koyok Bu Maryo
ngono kuwi…”
Kapten : “Ibu..Dalan’e urip menungso wes
digawe dhewe mbek Gusti…Senajan Bu Maryo setia neng anak’e ndablek koyo
setan,neng lak dongo’ne Bu Maryo nggak mandheg-mandheg kanggo anak’ke…Yo Gusti
Yesus bakal meneh’I wakti gae nyadar’ne
si walijo…Inggih to bu…”
Bu Maryo : “Inggip Kapten…Matur suwun…”
Narator :
“Bu Dumini isek meneng ngrungok’ne pangucapane wong-wong kabeh,Alon-alon
ati’ne mulai kroso isin neng mulai nyadari lak dhewek’e ono roso salah.Si
Mbah,Minuk,kapten lan Bu Maryo mung nyawang Bu Dumini mbek kekarepan wong
wadhon kuwi entuk pengertian lan iso nompo pangucapane wong kabeh.Neng,pas wayah hening-hening’e,ujug-ujug
Si Walijo metu ko kadohan bengok banter karo malyu sipat kuping nyeluk’I
ibu’e…”
Walijo :
(Berlari sempoyongan,ketakutan) “Mboooookkkkk….Si Mbokkkkkkk……” (Langsung
tersungkur di bawah kaki Bu Maryo)
Bu Maryo : (Terkejut) “Lho..Lho..Lho..Le…Ono opo
iki…Nyapo kok ujug-ujug awakmu nylungsep nak sikil’ku…”
Walijo : “Mbok..Tobat Mbokk..Ampun…Ampun Mbok..Aku
wes kuwalat karo Si Mbok..Aku njaluk sepuro Mbok..”
Bu Maryo : “Emang’e enek opo kok ujug-ujug awakmu
dhuwe karep ngene…”
Walijo : “Mbok..Aku mau kepethuk karo Pak
Polisi..Aku wedhi di tangkap,Aku wedhi di kunjoro..Njur aku mlayu..Neng aku mek
keterak becak Mbok…”
Bu Maryo : (Terkejut ) “Haaahhhh..Lha terus..Lha
terus piye lee..Apamu sing tatu….”
Walijo : “Aku slamet Mbok…Aku slamet….Neng
botolku sing ra slamet..Oplosanku pecah Mbok..Entek krompyangan nak dalan…Njur
aku kelingan Si Mbok trus Goleki Si Mbok….”
Bu Maryo : “Haduh leee…….”(Menengadah ke atas)
“Duh Gusti..Matur suwun Gusti..Matur suwun…”
Walijo : “Iyo Mbok..Iyo ..Tapi..Tapi…”(Terkejut
ketika melihat Kapten.Ia langsung berniat hendak lari tapi keburu tangannya di
tangkap Bu Maryo.
Bu Maryo :“Le..Le..Arep nak ndi..Ojo ngaleh..Ko
awakmu keterak becak neh..”
Walijo : “Iku Mbok..Iku..Ono Pak Polisi..Aku
nko di kecek Mbok…”
Bu Maryo : “Husssh..Iki uduk Pak Polisi lee…Iki ki
Kapten Grejo’ne dhewe..Sek kelingan to,sing sekolah minggu tau nyritan’I lair’e
Gusti Yesus kae Lo…..”
Kapten : “Iyo Jo..Sek kelingan to..Naliko
awakmu tak dadek’ne Embek pas Natalan Mbiyen…”
Walijo :“Kapten..Kapten..Ooo..Iyo..Aku
kelingan Mbok..Neng saiki aku rumongso dadi Embek sing ilang lan adoh ko Gerejo
lan Gusti Yesus…”
Bu Maryo : “Maka’ne kuwi lee..Wi dadi tandan’e ko
Gusti Yesus supoyo awakmu mbalek nak grejo lan luweh cedhek maneh marang Gusti Yesus….Dadi
saiki mratobat’o…”
Walijo :
“Iyo Mbok..Iyo…”
Kapten : (Menatap Bu Dumini dan memberi nasehat) “Nah Yu..Koyok to si Walijo
iki..Gusti Yesus nggih ndhuwe kekarepan sing podho marang sampeyan.Mergo Gedhe
tresnane Gusti marang sampeyan lan manungso,Gusti dhewe sampek mbelan-mbelani
menehi Anak’E sing Tunggal,supoyo sampeyan lan kabeh’ing manungso,ora mati
sio-sio neng iso oleh kslametan.Conto’ne si Walijo mau sing slamet mek di
tabrak becak…..Wi iso kedaden yo mergo kemurahan’ne Gusti Yesus…”
(Saat itu lewat peran Maria dan Yusuf
dengan menggendong Bayi Yesus)
Si Mbah : “Bener kandhan’e Kapten.Mergo
tujuan’ne Gusti Yesus Teko nak dunyo iki gae ndadhek’e siji awak’e dhewe
kabeh…..Sing mamangane adoh maleh cedhek,mamangene mati mergo dosa oleh slaet,lan
mamangane kerah maleh akur.Mulonae kuwi sedulur kabeh…Ayo podho Guyub Rukun lan
ojo tukar padhu..Mergo awak’e dhewe kabeh ki pdho balan siji nak Gusti Yesus…”
Bu Dumini :“Inggih Mbah..Kulo pancen salah….Kulo
njaluk sepuro….”
Si Mbah :“Ojo Nak aku Dumini..Neng mae anakmu
lan sing penting mae Gusti Yesus dhewe.Mulai saiki…Bali’o…”
Minuk : “Iyo bu…Ayo mulai saiki ibu bali
nang mae Gusti Yesus..Ngabekti maneh nang grejo supoyo urep’e awak’e dhewe di
berkati…”
Bu Dumini :“Iyo..Sepuranne ibumu ki Minuk…Mulai saiki
ibu nggak bakal mekso awakmu rabi lan nuruti karep’e ibu…Ibu sadar,lak saiki
awakmu wes gedhe..Iso mikir dalanmu dhewe…Gusti
Yesus,sepura’ne aku…..”
Minuk :“Iyo Bu…..”(Menengadah keatas
mengucap syukur) “Duh Gusti…Matur suwun….”
Narator :“Nah..sedulur-sedulur,wes mireng’ne
cerito iki to….Wes ngerti to…Dadi mulai saiki,ayo podho sareng-sareng guyub
rukun mbeh sedulur seiman,mbangun grejo’ne dhewe supoyo pelayanane Gusti luweh
maju lan you go iso dadi kesaksian nak wong liyo sing durung kenal Gusti Yesus.Akhir
kata…..Gusti Yesus Tansah berkat’i.Ameeennnn…
---------- Bar
------------
Sedulur-sedulur,cerito iki mung awu-awu lan Rekaan
ae.Lak menowo enek Jeneng,panggon,kedaden lan kisah sing podho,mek mergo
nggak sengojo.Di jupuk ae sisi positif’e lan jo di nut sisi negetif’e.Matur
nuwun.Gusti Yesus Amberkah’i.
|
Tidak ada komentar:
Posting Komentar