Sabtu, 30 November 2013

“Gundul – Gundul Pacul.”
(Dongeng Wong lawas)

Narator            : “Selamat datang di dongeng Rakyat tanah jawa.Cerita yang akan di sampaikan kali ini adalah kisah tentang bocah nakal yang banyak tingkah yang berjudul “Gundul-gundul pacul”.Selamat menyaksikan.”
Narator            : “Ono sawijining bocah.Umure kiro-kiro sepuluh tahunan.Bocah kuwi gampang di kenali,amargo polah tingkah’e lan kebiasaane.Ukoro sing paling genah soko dhek’e,bocah kuwi ra duwe rambut nak sirah’e,alias Gundul.Penggaweane ngewang’I bapak’e menyang sawah,lan nak endi-endi mesti nyangking pacul nang pundak’e.Maka sebab kuwi,uwong-uwong podho nyeluk dhewek’e “Si Gundul Pacul.”
Narator            : “Dino’ne srengenge wes cemlorot nedas nang endhas.Ko kadohan,wes ketoro batang irung’e si gundul.Mlaku ekah-ekeh lan udal-udul koyo uwong ra nduwe salah.”Si Gundul pacul” bocah kuwi,mandheg sak jegrek nang sor uwet dadap karo kipas-kipas amargo kesumuk’en.”
Sinden : ( Di iringi gendang reog plus kleningan reog )
“Si gundul nggowo pacul,mlaku’ne udal-udu.”l
“Si gundul nggowo pacul,polah’e koyok tuyul.”
“ Gundul pacul nak endi-endi gawane pacul”
“Gundul pacul lak mlaku polahe udal- udul.”
“Gundul pacul polahe gayane koyok tuyul.”
“Gundul pacul nak endi-endi gawane pacul”
Si Gundul        : “ Aduhhhhh..hawane wes koyok nak pawonan.Panas,gerah lan rasane sirahku tambah mateng.Hihihihi….lek kelingan pawonan utowo barang sing mateng-mateng,maleh kelingan emak adhang nang omah.Muleh sek ah..ngaso.Sopo ngerti emak nggoreng iwak jendil.”
Narator            : “Si Gundul,sawijining bocah sing gampang sumeh,udal-udul ra nduwe isin,mlaku sak enak’e turut dalan.Ra peduli kendaraan lewat lan sopir’e sing mbengok-mbengok amargo laku’ne.Neng ujug-ujug mandheg sak jegreg naliko eroh arek-arek wadon podho dolanan nak lapangan..”
Gundul            : “Waduh..kembang-kembang ayu ki…di jarak ahhhh…” ( Mlaku sak polah’e nyedhak)
Arek wadhon 1           : “Awan-awan ngene hawane sumuk.Enaka’e nyapo cah…..”
Artek wadhon kabeh  : “Yo dolanan ae no…”
Arek wadhon 2           : “Dolanan opo penak’e…”
Arek wadhon kabeh    : “Dolanan opo yo…”
Arek wadhon 1           : “Piye lek jumpritan…”
Arek wadhon 2           : “Ojo.Dakonan ae….”
Arek wadhon 4           : “Emoh aku..piye lek ancak-ancak ales….”
Arek wadhon 5           : “ Ah..wingi kan uwes….Jamuran gege e lo..”
Arek wadhon 3           : “Jamuran gege..setuju aku..setuju..setuju….awakmu kabeh piye..”
Arek wadhon kabeh    : “Iyo..setuju..setuju..setuju…”
Arek wadhon 1           : “lek ngono,ayo di mulai…”
Arek wadhon kabeh    : “Ayo…jamuran gege..jamur opo gege…..”
Narator            : naliko enak-enak dolanan,ujug-ujug arek-arek mau mandheg naliko eruh si gundul nyedhak…”
Arek wadhon 5           : “Eh..mandeg..mandeg..mandeg…ono si gundul..ayo bubar..bubar..bubar…”
Arek wadhon 2           : “Ho-oh..bubar ae..ko mesti di rusuh’i…”
Narator            : “Tapi gung sempat bubar,si gundul wes keburu ngonangi.langsung ae di grapyak arek-arek wadhon mau sampek arek-arek kuwi podho njabrut kabeh.”
Si Gundul        : “Hayoooo..kembang-kembang arep nek ndi ki…mueeeesti..lek aku teko dolanane podho bubar kabeh.Mbok aku di jak???”
Arek wadhon 1           : ‘Gah..awakmu mesti ngrusaki dolanan…”
Si gundul         : “Ora..ora…”
Arek wadhon  : “Yo masio ora,awake dhewe gah dolanan mbek awakmu ndul….awakmu kan lanang,yo dolanan ae karo cah lanang..”
Si gundul         : “Lha aku ser dolanan karo kembang-kembang o….ayo to..ayooo……”
Arek wadhon  : “Gelem ndul..pokok enek upah’e…”
Si gundul         : “Upah’e opo????Ambung……”
Arek wadhon kabeh    : “Hiiiiiiiiiiiii…..”
Si gundul         : “Lha opo???”
Arek wadhon  : “Erah’no pelem kuwi ndul..”
Si gundul         : “Yo mbok iyo lo..tapi aku di jak dolanan lo yo….”
Arek wadhon  : “Yo wes…sir dolanan opo???”
Si gundul         : “Dolanan bang-bang tut piye…”
Arek wadhon  : “hah..dolanan opo kuwi…”
Si gundul         : “Poko’e melu ae…piye…”
Arek wadhon  : “Yo wes.Ndhang di mulai ndul….”
Si Gundul        : “Okey cah ayu..ayo bareng-bareng…”
Kabeh  : “bang-bang tut jendela lawang…sopo mau ngentut di tembak raja tua..tua tua kaji,rambut’e kari siji…buka lemari isine roti…roti-roti atos sing ngentut silet’e mbledos…”
Narator            : “Tiba-tiba….”
Bruttttttttttttttttttttttttt……!!!!!!!
Arek wadhon 1           : “Yeeeekkkkk..enek sing ngentut.Sopo iki….”
Arek wadhon 2           : “Uduk aku lo..uduk aku…”
Arek wadhon 3,4,5 : “Aku uduk..aku uduk…”
Arek wadhon 1           : “lek ngono sopo???Aku yo uduk…”
Arek wadhon kabeh    : “Mesti si gundul….”
Si gundul         : ( Cengengesan ) “Hihihihi..iyo pancen aku…..”
Arek wadhon kabeh    : “Gundullllllllllll…..pantes ae ambu’ne koyok  ngulon-nguloni…”
Si gundul         : “Hihihihi..sorry kembang-kembang….”
Arek wadhon  : “Lho mesti to..dolanane gundul mesti aneh..ngrusaki tatanan….”
Arek wadhon  : “Wes ah…gah dolanan mbek Gundul.Bubar..bubar..bubar….”
Si gundul         : “Hihihihihi…yo sorry kembang-kembang..yo wes ah,aku tak ngalek tutug’no…”
Arek wadhon  : “Dasar gundul..awas ae…”
Narator            : “Gundul banjur ngaleh nutug’ne lakune.Karepe cepet-cepet muleh teko omah,dhewek’e malah ketemu tumiran,bocah cilik limang tahun adik’e kancane.Eruh tumiran nggowo bal,akal bulus’e gundul banjur metungul.”
Si gundul         : “He tumiran…ape nak ndi kok nggowo bal..”
Tumiran           : “Iki lo kang,ape nyusul mas paidi nak lapangan…”
Si sundul         : “lapangan kan adoh.Mosok arek cilik sak awakmu ape mlaku rono.Nak ndalan akeh medi lo…”
Tumiran           : “Awan-awan enek medi kang…”
Si gundul         : “Iyo.Medi’ne gundul..penggaweane mangani cah cilik sing keluyuran dhewe,opo neh cah cilik sing senengane nggowo bal…..”
Tumiran           : “Hiiiiiiii..kang ojo ngono.Aku wedhi.Aku nggak gelem di pangan medi…”
Si gundul         : “makane..lek nggak gelem di pangan,kono,balio.Balmu titipne aku ae..tak kek’ne paidi…”
Tumiran           : “Iyo kang..iyo..wes.Aku bali…..”
Narator            : “Tumiran sing wedhi banjur menehi bal nang si gundul.Banjur dhewek’e mlayu sipat kuping.Gundul sing kasil awu-awu nutugne lakune karo ngguya-ngguyu.”
Si gundul         : “Ahh..dasar cah cilik mendo.Penak ae di apusi…..”
Narrator           : “Gundul sing seneng ngguya-ngguyu banjur mlaku sak karep’e dhewe karo dolanan bal nak sikel’e.Aleh-aleh mbayangne dadi pemain bal koyok lionell messi mbek Christian ronaldo,Gundul ngebal bal mau sak banter banter’e.Lan….”
Duarrrrrrr….prangggggg!!!!!
Narator            : ‘bal mau kebor mabor mlebu gawange pak kaji.maksude nerak kaca jendelo  omah.karuan pak kaji metu karo mencak-mencak.”
Pak kaji           : “Hooooeee…..sopo sing nendang bal sak enak’e?????”
Narator            : “Gundul sing nglakoni banjur wedhi di seneni.Dhewek’e mlaku mindhik-mindhik koyo maling.Neng pak kaji kadung eroh.”
Pak kaji           : “O..iki mau polahmu ndul…kurang ajar……”
Si Gundul        : “Ampun pak kaji…….”
Narator            : ‘Gundul sing kepergok banjur mlayu sipat kuping ninggalne pak kaji sing mbesengut koyok sungut lele.lan let nggak suwi,gundul teko omah.Weteng’e sing luwe ra kenek di empet.Banjur dhewek’e marani emak’e sing nggoreng iwak jendil nak pawon.”
Gundul            : “mak..wes mateng mak..wetengku luwe….”
Emak               : “Sek mateng sego tok kae lo le….enten’ono iwake mateng ae….”
Si Gundul        : ‘Hoalah mak..mak..selak luwe aku.Yo wes…tak enteni nak ngarep mak…”
Narator            :”Gundul banjur nak ngarepan ngenteni iwak jendil mateng.Neng wetenge sing luwe banjur nyamber sego sak wakul tanpo mak’e eroh lan di gowo nak latar omah.Banjur nak kono,di sambi ngenteni iwak jendil mateng,si gundul ngrungokne radio sing nyetel lagu-lagu rancak.”
Narator            :” gundul maleh kumat.penyakit clintisane kambuh lan dheweke nari kesenenge tanpo dhuwe isin.Polahe gundul kuwi podho ngundang perhatiane arek-arek wadhon mau sing lewat,lan pak kaji sing kebetulan arep nyambangi mak’e gundul.
Arek-arek wadhon      : “Eh…delengen..delengen..si gundul nyapo kuwi..kok njoget-njoget pencilahan koyok beruk…”
Arek wadhon 1           : ‘Ah..biasa.kan malem jumat.Paling setane mencok…”
Arek wadhon 2           : “Hihihihi,,tapi lucu.Ayo di delok ae….”
Arek wadhon kabeh    : “Ayo..ayo..ayo….”
Pak kaji                       : ( mek gedhag gedheg) “Cccck..ccck..ccck cah iki…”
Narator                         : “ Gundul nyelot kesenengen.Polahe nyelot ndadi lan mbayangne dadi artis india. Roso wedhi gundul mae pak kaji ra kepikiran.Dheweke nyelot dadi di sawang wong akeh.Nyamber wakul nak mejo lan njoget-njoget kepanasan koyok wong mabuk.neng,akibat polahe’sing clinthisan sikile gundul kecekluk lan dheweke tibo nak latar sak sego-segone sing nak wakul.Karuan ae polahe dadi guyon arek-arek wadhon lan pak kaji sing sing ono nek kono.
Arek wadhon  : ‘hahahahahaha..kapok..rasakno ndul..rasakno…”
Pak kaji           : ‘Yo ngono kuwi lo le..oleh-olehmu dadi bocah clinthisan,usrekan ra iso meneng…”
Narator            : “Gundul mek cengas-cengeges karo ngurut sikil’e sing loro.Polah’e iku malah dadi jarakan arek-arek wadhon sing malah nembang nyukurne dhek’e.”
Arek wadhon/ Sindhen :(Karo nari)
“Gundul – gungdul pacul… cul..gemblelengan..”
“nyunggi – nyunggi wakul… kul…gemblelengan..”
“wakul ngglempang segone dadi sak latar..”
“wakul  ngglempang segane dadi sak sak latar…..”
Narator            : “Si gundul sing ngrungok’ne lagune arek-arek mau bukan’e isin po nesu,dheweke tambah ndadi jogget nglesot nak latar awor segane.Tapi ujug-ujug polahe meneng cep..naliko mak’e moro mbengok banter nyawang polah’e…”
Emak   : “Dasar cah edan…kowe ki anak demit po anak setan…mak’e ngoyo-ngoyo adhang,segane mbok tumplekne koyok pakan pitik..nek ndi pikiranmu heeeeh…. (Emak njewer si gundul)
Si gundul         : (Wedhi banjur nangis ) “Ampun mak..ampun..ampun…”
Emak               : ‘Dasar cah ndableg…ben..yo ben..rasakno dhewe…kapok ra..kapok ra…”
Si gundul         : “Kapok mak..kapok..kapok….”
Arek-arek wadhon      : (Ngguyu keklek)
Pak kaji           : “makane…di kandhani wong tuwek yo opo…yo ngene iki lo akibate bocah sing kakekan polah,ra duwe isin,nakal,clinthisan lan udal-udul.Dadi..yo ojo di tiru le..polahe bocah iki,lek ra gelem awakmu kabeh kenek jewer mak’mu.”
Narator            : “bener pak kaji.makane wi…rungok’no dhawuh’e pak kaji…..”
Narator            : “Yo iku..kisah’e si Gundul,bocah ndableg udal-udul sing polahe clinthisan.lan pitututur’e soko crito iki nang awakmu kabeh….dadi bocah ojo clinthisan,ojo kakean polah,ojo gampang ngrusuhi ukorone uwong utowo nggawe ukoro sing ngruggek’ne wong liyo..lek ra gelem awakmu kabeh di jewer mak’mu.Ahkir dari kata…wasalam.



Tidak ada komentar:

Posting Komentar